Seratan

Sabtu, 30 November 2013

Dhuwit Limang Ewu (CERKAK)


amal


Esuk-esuk Simi mangkat menyang kampus mung arep ngumpulake tugas. Saka kos, Simi durung nyarap, dadi luwe. Untung wae ana bakul bakwan kawi neng ngarepan Pendhapa Tedja. “Pak, bakwan kawine setunggal, goreng sedaya!” Simi ngomong marang bakul bakwan kawi. “Oke mbak” semaur bakule. Banjur, Simi ngetokake dhuwit seket ewu seka sak kathok dhawa kothak-kothak.

Dhuh Gusti (CERKAK)


Awan kuwi langite mendhung, gludhug gumleger kaya nyigar bumi. Simi cepet-cepet pengen mulih, wedi kudanen. Dumadakan ana trek papagan karo Simi. Truke ngebut.

“Ciiiiiiittt…. Bruuugg….!!!” Mung kuwi sing dirungu. Simi banjur ora sadhar. Mbukak mripat, dheweke wis ana ing rumah sakit.

“Dhuh gusti… Ya allah… Aku neng rumah sakit.”

Jumat, 29 November 2013

Ingkungan Syuran Banyumudal ing Kebumen (ARTIKEL BUDAYA)




Adicara dipunwiwiti kanthi kirab ingkung lan tumpeng ing Balai Desa utawi Kelurahan Panjer.


Taun Masehi menika ing saben taunipun ing tanggal 1 Januari, ananging Taun Hijriyah menika ing tanggal 1 Muharram lan Taun Jawa ing tanggal 1 Syura. Taun Jawa inggih menika sami kaliyan Taun Hijriyah. Bentenipun menika ing naminipun.

Jumat, 22 November 2013

SEMAR

Semar ing basa Jawa dipunsebut Badranoyo
Bedrodo = Mbangun sarana saking ngandhap
Noyo = Nayoko = Utusan mangrasul

Semar
Tegesipun: Ngemban sipat mbangun lan nindakaken parentahipun Gusti kangge pagesangan manungsa.

Desa Tenganan, Desa Bali Aga (FEATURE)



Pemerintah Kabupaten Karangasem, Kecamatan Manggis

Wisata wonten ing Bali menika kathah papan ingkang saged rumaosaken wujud ingkang unik. Ing Bali wonten desa ingkang taksih njagi adat kina, inggih menika desa Tenganan. Desa Tenganan menika papanipun wonten ing Kecamatan Manggis, Kabupaten Karangasem. Miturut Bli Wayan minangka tour guide, desa Tenganan menika kinten-kinten 70 km saking kutha Denpasar.

Bibar Pusaka Indah Swalayan Kebakaran, Warga Trauma (NEWS FEATURE)



Jumat, 27 September 2013
   
Medalaken barang-barang ingkang wonten ing griyanipun supados slamet.

      KARANGANYAR, KEBUMEN -  Kalawingi dinten Kemis ndalu, 26 September 2013, antawisipun pukul 23.00 WIB, PI swalayan kebakaran. Wekdal sakmenika Pak Triyono (52)  lan kaluwarganipun saweg tilem wonten griyanipun. Griyanipun Pak Triyono menika wonten wingking tembok persis saking PI swalayan. Miturut warga sekitar kebakaran kasebat amargi wonten arus pendhek listrik. Arus pendhek kasebat asalipun saking kulkas buah (freezer) ingkang wonten ing swalayan ing Jalan Revolusi Karanganyar kasebat.

Parkir ing Pinggir Margi, Truk Ical (STRAIGHT NEWS)


Kamis, 26 September 2013

Parkir Truk ing pinggir margi.
            KEBUMEN – Truk diesel kagunganipun Pak Agus Subekti, pengusaha gendeng MS Sokka Kebumen digondhol maling. Malingipun menika nggondhol truk ingkang nggadhahi nomer polisi G 1760 AG ingkang parkir wonten pinggir margi raya Kebulusan Kecamatan Pejagoan, Kabupaten Kebumen ing sisih kilen pintu kreta.