Seratan

Jumat, 06 Desember 2013

Kula [Happy Januar Rosemarlina NIM 11205244006 Kelas B] (AUTOBIOGRAFI)


Kula
Nami kula Happy Januar Rosemarlina, biasanipun kanca-kanca nimbali kula kanthi nami Happy. Kula menika estri. Kula lair ing Purbalingga tanggal 1 Januari 1993. Kula lare mbajeng, adhik kula setunggal, jaler, naminipun Adhika Purnama. Adhik kula samenika taksih sekolah ing SMA N 1 Pejagoan, kelas kalih. Tiyang sepuh kula inggih menika Bapak Suroso saha Ibu Murniyati. Bapak kula ngasto ing Kejaksaan Negeri Kebumen, bapak menika idola kula.
Piyambakipun sayang sanget kaliyan kulawarga, bapak ingkang tanggel jawab. Menawi ibu kula menika wonten griya kemawon. Senajan ibu kula wonten ing griya kemawon, nanging wonten kagiatan inggih menika dagang. Wonten griya kula ugi wonten warung sembakau. Piyambakipun menika ugi

Kamis, 05 Desember 2013

Ibu Sod Pengusaha saha Pengrajin Bathik (PROFIL WIRAUSAHA)



Ibu Sod Pengusaha saha Pengrajin Bathik
Ibu Sod saha Mbak Nur mbathik
Ibu Sodiyah miyos ing Kebumen, 11 Maret 1951 menika kagungan jiwa wirausaha saking alit. Piyambakipun langkung kondhang kanthi sebutan Ibu Sod. Piyambakipun rumiyin dados juragan bathik, saking taun 70-an. Ibu Sod dagang bathik ing peken. Wonten dalemipun, piyambakipun menika kagungan pekerja kathah. Ananging, samenika piyambakipun damel bathik piyambak dipunbantu dening putrinipun ingkang kaping sekawan. Ibu Sod kagungan putra gangsal, inggih Mas Degeng, Mbak Pingah, Mbak Asroh, Mbak Nur, saha Mas Munir. Sedayanipun sampun nggadhahi kulawarga piyambak. Ingkang mbiyantu Ibu Sod mbathik ing

Sangaluri Park, Pubalingga (FEATURE WISATA)




Pintu Masuk Sanggaluri Park
Menawi ing Yogyakarta wonten Taman Pintar, ing Purbalingga menika wonten Sanggaluri Park. Sanggaluri Park inggih menika salah satunggaling objek wisata ingkang woten ing Jl. Raya Kutasari, Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah, caket kaliyan Owabong (Objek Wisata Air Bojongsari).

Pengalaman Numpak Sepedha Pisanan (CERITA PENGALAMAN)



Margi Jemur Clowok
Ing sawijining dinten, wekdal kula remen-remenipun numpak sepedha. Ing wekdal menika, kula nembe pisanan numpak sepedha tebih. Saderengipun paling namung ing komplek griyanipun kula.

Perkedel Tahu (WACANA PROSEDURAL)

Perkedel Tahu
Perkedel tahu menika raosipun eca sanget, ndamelipun nggih gampil. Dhaharan menika sami kaliyan perkedel kenthang, nanging perkedel menika saking tahu. Perkedel tahu menika kalebet camilan, nanging ugi saged kangge lawuh dhahar. Menapa malih menawi taksih anget, tambah eca. caranipun ndamel perkedel tahu menika kalebet gampil, mangga dipunsemak, supados saged nggoreng piyambak wonten griya.

Puding Kopi (WACANA PROSEDURAL)

Puding Kopi
Puding Kopi
Bahanipun:
- 1 bungkus ager-ager
- 100 gram gula pasir
- 500 ml toya
- 1 sendhok ageng kopi
- 3 sendhok ageng susu
- Freshcream, dipunkocok sacekapipun
- 1/2 sendhok alit coffe flavour
- Hiasan soklat

Nyobi Blangkon (ARTIKEL BUDAYA)

Blangkon menika salah satunggaling busana khas Jawi ingkang limrahipun dipunginakake minangka panutup mustaka kagem para kakung, saking para tiyang kerajaan, bangsawan, dumugi para andhap ing jaman kerajaan Jawi dumugi ing jaman kolonial Walandi. Ing jaman sakmenika, blangkon dados lambang kagem para kakung ing Jawi. Sajatosipun, blangkon menika wonten filosofinipun saking tiyang Jawi, mliginipun Jawi-Islam. Ananging, samenika sampun boten mekaten.