Seratan

Kamis, 05 Desember 2013

Perkedel Tahu (WACANA PROSEDURAL)

Perkedel Tahu
Perkedel tahu menika raosipun eca sanget, ndamelipun nggih gampil. Dhaharan menika sami kaliyan perkedel kenthang, nanging perkedel menika saking tahu. Perkedel tahu menika kalebet camilan, nanging ugi saged kangge lawuh dhahar. Menapa malih menawi taksih anget, tambah eca. caranipun ndamel perkedel tahu menika kalebet gampil, mangga dipunsemak, supados saged nggoreng piyambak wonten griya.

Bahan-bahan lan bumbunipun perkedel tahu menika gampil sanget dipunpadosi, antawisipun:
  • 4 tahu pethak
  • 1 ron brambang ingkang sampun dipuniris alus
  • 1 tigan
  • 1/2 sendhok alit mrica bubuk
  • 1 sendhok alit uyah
  • 1 sendhok ageng trigu
  • minyak goreng sacekapipun

Cara anggenipun ndamel perkedel tahu.
  1. Dipunwiwiti kanthi ndamel adonan tahu pethakipun ngantos toya sedayanipun medal saking tahu.
  2. Tahu menika saklajengipun dipunalusaken, lajeng dipuncampur kaliyan sedaya bahan ing nginggil ngantos kacampur sedaya.
  3. wujudipun adonan tahu menika dados bunder-bunder pipih.
  4. Pungkasan, gorengana ngginakaken minyak ingkang panas saha kathah. Dipunusahakaken ngantos kuning radi soklat.
  5. Menawi sampun katingal mateng utawi masak, lajeng dipunangkat. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar