Seratan

Kula


Kula
Nami kula Happy Januar Rosemarlina, biasanipun kanca-kanca nimbali kula kanthi nami Happy. Kula menika estri. Kula lair ing Purbalingga tanggal 1 Januari 1993. Kula lare mbajeng, adhik kula setunggal, jaler, naminipun Adhika Purnama. Adhik kula samenika taksih sekolah ing SMA N 1 Pejagoan, kelas kalih. Tiyang sepuh kula inggih menika Bapak Suroso saha Ibu Murniyati. Bapak kula ngasto ing Kejaksaan Negeri Kebumen, bapak menika idola kula. Piyambakipun sayang sanget kaliyan kulawarga, bapak ingkang tanggel jawab. Menawi ibu kula menika wonten griya kemawon. Senajan ibu kula wonten ing griya kemawon, nanging wonten kagiatan inggih menika dagang. Wonten griya kula ugi wonten warung sembakau. Piyambakipun menika ugi ibu ingkang sayang sanget kaliyan kulawarga. Ibu kula menika tiyang ingkang sabar sanget. Pramila, ibu kula menika segalanya.

ibu, adhik, saha bapak kula (2008)
Kula rumiyin miwiti sekolah wonten ing TK Putra II Kebumen taun 1998. Kula sekolah TK wonten mriku amargi caket kaliyan kantoripun bapak. Rumiyin wekdal kula TK, sareng kaliyan putranipun kanca kantor bapak kula, Ion naminipun. Piyambakipun menika tiyang Kalimantan. Menawi pangkat sekolah, mesthi sareng dipunsebrangaken saking kantor dumugi TK. Salajengipun kula sekolah ing MIN Tanuraksan taun 1999, sekolahipun menika caket saking griya kula, nanging kelas 2 kula pindhah ing SDN 2 Kutosari taun 2000. Kula nglajengaken sekolah ing SMP N 1 Kebumen taun 2005  saha SMA N 2 Kebumen taun 2008. SMA-nipun kula ugi caket saking griya kula. Alhamdulillah saking TK dumugi SMA, kula ing Kebumen mawon.

Ananging kuliah samenika kula kuliah ing Yogyakarta, inggih menika ing Universitas Negeri Yogyakarta (UNY), jurusanipun Pendidikan Bahasa Daerah, FBS. Kula mlebet kuliah taun 2011, mawi tes. Rumiyin, wekdal kula SMA kelas 3, sejatosipun nggadhahi pepenginan dados guru Matematika utawi guru SD. Dados guru menika, pepenginan kula piyambak. Wekdal kula sekolah ing SD, kula sampun penging dados guru, nanging guru SD.

Kula samenika ngekos ing Demangan Baru. Rumiyin awit kula semester 1, kula ngekos ing Jalan Kaliurang, ing dalemipun kanca bapak kula. Wiwit semester 2, kula sampun ngekos ing Demangan Baru ngantos samenika.

Kula nggadhahi motto hidup “Bismillah, Saged!!”. Miturut kula ndonga menika minangka panggayut dhumateng Gusti Allah. Motto menika nggadhahi teges, supados tetep optimis.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar