Seratan

Kamis, 05 Desember 2013

Ibu Sod Pengusaha saha Pengrajin Bathik (PROFIL WIRAUSAHA)



Ibu Sod Pengusaha saha Pengrajin Bathik
Ibu Sod saha Mbak Nur mbathik
Ibu Sodiyah miyos ing Kebumen, 11 Maret 1951 menika kagungan jiwa wirausaha saking alit. Piyambakipun langkung kondhang kanthi sebutan Ibu Sod. Piyambakipun rumiyin dados juragan bathik, saking taun 70-an. Ibu Sod dagang bathik ing peken. Wonten dalemipun, piyambakipun menika kagungan pekerja kathah. Ananging, samenika piyambakipun damel bathik piyambak dipunbantu dening putrinipun ingkang kaping sekawan. Ibu Sod kagungan putra gangsal, inggih Mas Degeng, Mbak Pingah, Mbak Asroh, Mbak Nur, saha Mas Munir. Sedayanipun sampun nggadhahi kulawarga piyambak. Ingkang mbiyantu Ibu Sod mbathik ing
dalemipun, inggih Mbak Nur.
Miturut Ibu Sod, piyambakipun boten dagang wonten pasar malih, nanging ing dalem kemawon, amargi supados saged njagi dalemipun saha nggadhahi kagiyatan ing dalem. Ibu Sod boten remen nganggur ing dalem kemawon. Garwanipun misuwur kanthi sebut Kaji Mikun. Piyambakipun sampun sepuh, nggadhahi kagiyatan pengaosan ing mesjid.
Kampung Bathik Kebumen
Ibu Sod miwiti mbathik ing dalem, kinten-kinten taun 2000. Saniki piyambakipun wonten lingkungan dalem sampun misuwur dados pengrajin bathik. Kathah pesenan ingkang pesen bathik damelanipun Ibu Sod. Ugi kathah asil karyanipun ingkang sampun dipunsade ing took-toko ugi peken. Ibu Sod rumiyin ngantos samenika dalemipun wonten ing Desa Gemeksekti Dukuh Tanuraksan, Kebumen. Samenika Desa Gemeksekti Kebumen misuwur kanthi “Kampung Bathik Kebumen”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar