Seratan

Kamis, 05 Desember 2013

Nyobi Blangkon (ARTIKEL BUDAYA)

Blangkon menika salah satunggaling busana khas Jawi ingkang limrahipun dipunginakake minangka panutup mustaka kagem para kakung, saking para tiyang kerajaan, bangsawan, dumugi para andhap ing jaman kerajaan Jawi dumugi ing jaman kolonial Walandi. Ing jaman sakmenika, blangkon dados lambang kagem para kakung ing Jawi. Sajatosipun, blangkon menika wonten filosofinipun saking tiyang Jawi, mliginipun Jawi-Islam. Ananging, samenika sampun boten mekaten.
Fenomena sakmenika ingkang kadadosan ing masyarakat menika, mliginipun tiyang Jawi ingkang notabene inggih menika ngginakaken blangkon. Jaman sakmenika kathah ingkang boten remen ngginakaken blangkon. Kathah tiyang ingkang manut ingkang langkung populer. Sakmenika blangkong dipunanggep “kuna”. Blangkon sakmenika namung dipunginakaken ing adicara-adicara tartamtu, kadosta ing adicara pawiwahan utawi adicara festival ingkang ngginakaken tema tradisional. Miturut tiyang-tiyang samenika, menapa malih tiyang enem jaman samenika, ngginakaken blangkon menika sami kaliyan tiyang ingkang jadul.
Ananging, kathah tiyang mancanagari ingkang remen ngginakaken blangkon.  Kadosta artis-artis saking Korea Selatan ingkang ngginakaken blangkon wanci tampil ing panggung (konser). Boyband saking Korea Selatan ingkang konser ing Jakarta wanci 12 dumugi 13 Oktober 2012, G-Dragon nglebetaken gambaripun wonten ing internet kanthi ngginakaken busana barong saha sarung. Menawi Taeyang kanthi ngginakaken busana bathik saha sarung ugi nyepeng suling. Kakalihipun menika ngginakaken blangkon. Ing twitter-ipun menika ugi nyerat “Haha It’s so cute!! :) thanks Jakarta!! See u tommo!! 
Kathah tuladha sanes ingkang gayut kaliyan blangkon saha tiyang mancanagari. Tiyang Korea mawon remen ngginakaken blangkon. Tiyang Korea mawon remen kaliyan kabudayan Indonesia, mliginipun Jawi. Lha, kenging menapa kula saha panjenengan sami malah boten remen, utawi istilah-ipun ogah-ogahan kaliyan kabudayan piyambak.






Kapethik saking: http://ghulamalaufa.wordpress.com
http://entertainment.kompas.com
(Happy Januar Rosemarlina)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar