Jaman iki wis tuwa
Kabudayan wis rontang-ranting
Mung kari crita
Aja maneh sinom, dhandhanggula utawa gambuh
salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep
Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrenggani sepine wengi
Binareng angambare cempaka sari
Wis ora ana tembang kinanthi
Sing biyen tansah methuk eseme rembulan
Nalika bocah-bocah dolanan jamuran
Wis ora ana, ngger
Kajaba swara tangis
dening: Turyino Ragil Putra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar