Esuk-esuk
Simi mangkat menyang kampus mung arep ngumpulake tugas. Saka kos, Simi durung
nyarap, dadi luwe. Untung wae ana bakul bakwan kawi neng ngarepan Pendhapa Tedja.
“Pak, bakwan kawine setunggal, goreng sedaya!” Simi ngomong marang bakul bakwan
kawi. “Oke mbak” semaur bakule. Banjur, Simi ngetokake dhuwit seket ewu seka
sak kathok dhawa kothak-kothak.
“Niki
mbak,” clathu bakule. Simi menehi dhuwit seket ewu mau. Bakule malah bingung
pas entuk dhuwit seket ewu kuwi.
“Lha
mbak, kok dhuwite gedhe banget, dhuwit pas mawon mbak. Mboten wonten susuk e
mbak.” clathu bakule maneh.
“Waduh
pak, mboten wonten.” semaure Simi karo mriksa neng dhompet sing digawa. Mung
ana dhuwit satus ewuan loro karo ewon siji.
“Owalah,
yo wis mbak. Tak nggolek susuk sek yo mbak.” semaure bakul bakwan kawi karo mlaku
menyang kanca bakul, ana bakul siomai, cilok, pempek, es cau lan ana akeh maneh
bakul neng kono.
Dumadakan,
Simi krasa hapene getar neng sak sebelah kiwane. Langsung dijupuk hapene.
Jebule ana telpon saka kanca akrab jaman SMA, yaiku Sasa.
“Halo
Sa, ana apa e?” pitakone Simi ora mawi basa-basi.
“Mi,
ana kabar sing pentiiiiiiing buangeeett.” semaure Sasa rada lebay. “Aku entuk nomere Mas Jono! Arep
ora kowe ki?”. Krungu kabar kaya kuwi, raine Simi langsung padhang, mripate ugi
kinclong, atine sumringah.
“Tenanan
iki Sa?” pitakone Simi.
“Yo
tenanan iki Mi. Cepet lho catet saiki ya! Banjur di sms mas e. Aja kesuen, Mas
Jono ki sedhela maneh pindhah menyang Jakarta. Pokoke kowe kudu cepet ngomong.
Istilaeh menyatakan cinta. Hehehe…
Sedurunge kabeh telat lho!” Sasa negasaken Simi kanthi nyemangati.
Eh
ya, Mas Jono kuwi wong kang disenengi Simi seka SMA kelas telu biyen. Tapi,
Simi nganti wis kuliah ora ngerti nomer hapene Mas Jono. Mas Jono kuwi kakang
kelase Simi lan Sasa.
“Iya,
iya!! Tak cathet. Duh neng tas mung ana pulpen, ora nggawa buku aku.” Simi
gugup dadi ora kelingan apa-apa. Sakjane bisa ditulis neng hapene.
“Mbak,
iki susuke.” bakule menehi susuk puluhan ewu papat karo limang ewu siji.
“Pira
Sa?” pitakone Simi. Dhuwit limang ewu susukan bakwan kawi mau dienggo nulis
nomer.
------------------------------
Awan-awan
neng Mesjid Mujahidin bar sholat dhuhur, Simi mikir arep sms apa. Banjur
nggoleki dhuwit limang ewu susukan bakwan kawi mau. “Lho, kok ora ana?”
Banjur
Simi telpon Sasa. “Halo Sa, nomere Mas Jono ilang e. Aku njaluk maneh yo!”
“Waduh,
wis ora ana Mi. Mau aku yo nulise neng kertas ora tak simpen neng hapeku. Lha nomere
ilang apa kepiye? pitakon Sasa.
“Waduuuuuuhhhh”
------------------------------
Bakul
siomai cedhak bakul bakwan kawi mau nemu dhuwit limang ewu neng ngisor wit. “Walah,
dhuwite sapa kuwi? Jupuk wae lah. Kanggo sedekah.”
------------------------------
“Matur
nuwun yo Siti. Kowe wis mbantu bapak
adol siomai dina iki.” clathu bakul siomai marang Siti, cah wadon ayu sing
biasa mbantu adol siomai.
“Inggih
pak, sami-sami. Siti remen saged mbantu.” semaure Siti.
Bapak
bakul siomai mau ngetokaken dhuwit nemu mau, dhuwit limang ewu. “Siti, mau
bapak entuk rejeki. Ora akeh, mung limang ewu. Moga wae bisa nambai kanggo tuku
obat ibumu.”
“Alhamdulillah,
niki leres ngge kula pak?” pitakon Siti. Bapak bakul siomai mau mung manthuk.
------------------------------
Banjur
Siti tuku obat kanggo ibu neng apotek.
------------------------------
Simi
nyedhaki bakul bakwan kawi mau. Banjur takon “Pak, ningali arta susukan saking
bapak wau?”
“Waduh,
mboten. Lha kepiye mbak? Ilang po?” bakul bakwan kawi balik takon.
“Iyo
pak, artane sing gangsal ewu ical.” semaur Simi.
“Lha
mung dhuwit gangsal ewu mbak, ikhlasaken mawon. Teksih kathah dhuwit nganggur
to mba neng dhompet?” bakul bakwan kawi kuwi malah nggodhani Simi.
Simi
langsung semaur, “Walah paaak, sanes jumlah artane. Teng ngriku wonten sing spesial banget pak.”
“Kok
iso mbak? Kuwi kan namung susukan saking kula. Teng pundi spesiale mbak?
“Teng
artane wonten nomer penting pak.” semaur Simi.
Dumadakan, bapak bakul siomai cedhak bakul bakwan kawi
teka, melu ing pacelathone. “Nuwun sewu mbak, napa sing dimaksud niku arta
gangsal ewu sing wonten nomere,, heemmm 08564… ?”
“Nggeh pak leres. Bapak ngertos artane teng pundi?” semaure
Simi kanthi semangat.
“Nggeh
mbak, waune teng kula, tapi pun kula paringaken tangga kula. Nek purun mangga
kula anter teng daleme.”
------------------------------
“Nuwun
sewu. Wonten napa nggeh?” pitakon Siti kala ndeleng cah wadon nekani umahe.
Simi malah trenyuh ndeleng umahe Siti.
“Ngeten
lho mbak, arta kula ical. Selembar gangsal ewuan. Nanging arta niku penting
sanget. Wau terose bapak ingkang sade siomai wonten kampus kula, artanipun
woten ing mbak e. Pareng kula suwun?” pitakon Simi kanthi ragu-ragu. Wedi mbok
pitakone malah nglarani atine.
“Ngapunten
mbak, sakjane kula badhe ngonduraken artane. Nanging,..... artane…. sampun kula
agem mbak kangge tumbas obat, ibu kula gerah. Kula saweg ngumpulaken arta ngge
berobat. Sepisan malih, ngapunten mbak ” semaur Siti wedi. “Nanging, nek mbak e
purun, kula saged nggentosi artanipun mbak.”
“Eitss,
mbak. Mboten usah.” Simi tambah trenyuh. Banjur Simi njupuk selembar arta satus
ewu. “Niki mbak, kangge berobat ibu nggeh. Mugi enggal mantun. Amin.”
Siti
malah bingung, “Lho mbak, kok malah kula diparingi arta?”
“Nggeh
mbak, niki dianggem mawon. Mugi-mugi ibu enggal mantun.” semaur Simi.
“Wah
mbak, matur nuwun sanget nggeh. Alhamdulillah. Mugi mbak e tambah rejeki,” Siti
seneng banget entuk dhuwite.
------------------------------
Sasa
sing diceritani malah gumun. Banjur takon, “Lha Mi, piye to. Mas Jono banjur piye?”
“Ahh, yen aku karo Mas Jono jodo,
mesthi bakal ketemu kok. Hehehe….” semaure Simi santé. Saiki Simi sadar, dhuwit
limang ewu mau penting banget kanggo sing mbutuhaken. Mula, dheweke kudu sinau,
sinau ben gedhe syukure.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar