Seratan

Sabtu, 30 November 2013

Dhuh Gusti (CERKAK)


Awan kuwi langite mendhung, gludhug gumleger kaya nyigar bumi. Simi cepet-cepet pengen mulih, wedi kudanen. Dumadakan ana trek papagan karo Simi. Truke ngebut.

“Ciiiiiiittt…. Bruuugg….!!!” Mung kuwi sing dirungu. Simi banjur ora sadhar. Mbukak mripat, dheweke wis ana ing rumah sakit.

“Dhuh gusti… Ya allah… Aku neng rumah sakit.”


Banjur ndelok tangan karo sikile. “Lha dene lengenku kok disemen, sirahku mumet. Astaghfirullah, sikilku siji endi?” karo mbuka kemul lurik-lurik, kemule rumah sakit. Sikile Simi kudu diamputasi.

Simi kaya mati rasa ngerteni kahanan kuwi. Dheweke mikir macem-macem. Wedi mengko kanca-kanca sing maune raket dadi padha adoh, amargi ora gelem srawung karo wong cacad. Ora mung kuwi, Simi ngrasa isin tenanan.

--------------------

Apa sing bisa ditindakake Simi, kajaba pasrah marang Gusti Ingkang Maha Agung. Kadadeyan ing wanci kuwi sing ngenani awakke. Saumuran bocah SMP kelas loro kuwi wancine coba-coba. Simi pengin nyoba kepiye rasane numpak motor. Amargi kanca-kancane wis akeh sing bisa numpak motor.

Latian-latian ya tansah dilakoni. Ananging atine kemrungsung, Simi nyoba latian motor ana ing dalan gedhe dhewekan. Ora matur ibu, tujuwane mung nglemesaken ngoper.

--------------------

Wengi iki langite padhang gumebyar. Lintang lan rembulan dadi pasangan kang serasi nyinari jagad raya iki. Rasaning ati Simi ayem tentrem neng ngisor cahyaning rembulan sing isih bunder seser. Ana ing latar omah, Simi lungguh dhewekan, nyoba ngetung lintang sing akeh cacahe mau.

“Siji, loro, telu, papat, lima….. sewu. Wah akeh tenan lintange! Coba aku bisa mabur menyang langit njupuk lintang siji wae, kanggo…..” urung rampung ngucapke, Simi wis ditimbali ibu.

“Mi, Simi! Mlebu ta nduk, iki wis wengi!”

“Nggih, nggih bu, mangke sekedhap.” rasane wegah arep mlebu, isih pengin ngrasakake adheming wengi, nonton langit padhang gumebyar, dikebaki lintang-lintang sing tresna karo rembulan.

“Waduh, krukku neng endi mau yo? Duuhh, kok lali ngene. Owalah, iki apa! Bismillah…” ucape Simi karo ngadeg mawi kruk.

“Kene… kene cah ayu tak rewangi. Gek turu ya, menyang kamar. Supaya sesuk ora kawanen. Sesuk masmu Dodo sing ngeterake koe sekolah,” ngendikane ibu. Aku mung bisa mesem.

Neng njero ati rasane pengin nangis, “Dhuh Gusti, aku kok ngene ya, kaya menungsa sing bisane ngrepoti wong liya thok, tekan kapan aku kaya iki?”

“Bu, boten usah, dados ngrepoti Mas Dodo.”

“Lha piye ta nduk? Nek mangkat dhewek, ya ibu ora tenang ati, mesakake kowe.” semaure ibu.

“Lha bu, napa kula boten usah sekolah mawon? Wonten griya mawon.”

Ibu langsung mrembes mili tangise, nandhang nelangsa. Banjur Simi trenyuh. “Bu, nyuwun pangapunten. Sampun nangis bu.” karo ngelap tangise ing pipi sing wis rada kriput.

Ibu mung manthuk.

--------------------

Sunaring sang baskara mlebu ing sela-selane cendhela kamar. Hawa anget nyikep awak. Aku tangi saka amben lan siyap-siyap menyang sekolah.

“Simi… Mi… Siyap apa durung?” Mas Dodo celuk-celuk.

“Iya mas iki wis siap, nanging tasku keri neng kamar ki.”

“Yaa, mengko tase tak jupuk. Ayo gek mangkat.”

Pit tuwa tinggalane almarhum bapak, wis siap neng ngarepan omah. Aku direwangi Mas Dodo lan dilungguhke neng boncengan mawi nyempli. Mas Dodo banjur lungguh neng ngarep.

Aku lali urung salaman karo ibu. “Ibuuuu… Aku menyang sekolah bu.”

Nanging ibu ora metu, mung semaur “Iya cah ayu, sing ngati-ati yaa. Doo, jaga kanthi tenanan ya adhikmu! Ibu ora bisa metu, lagi ketanggungan.”

“Inggih bu..” semaure mas Dodo.

Simi mau sakjane ngerti ibu lagi nangis neng kamar ngarep. Simi sedhih tenan, nek ndeleng ibu sing nangis. Ora rumangsa ibu nangis kaya ngana.

--------------------

“Simi… Wis tekan iki lho, kowe turu po?” pitakone Mas Dodo.

“Eh, wis tekan ta mas.”

“Lha iya. Kowe ngalamun apa ta?” karo mbiyantu aku mudhun saka boncengan.

“Ora kok mas.” semaurku singkat.

“Yo wis, sinau sing bener, supaya dadi bocah pinter!” Mas Dodo mesthi melingi aku. Mas Dodo mung tamatan SMP, banjur kerja dadi tukang bangunan ngganteni bapak. Aku mung bisa manthuk karo mesem.

“Oh iya mas, mengko ora usah njemput aku ya, mase kan kerja.”

“Ora, pokokmen aku kudu njemput kowe, ibu wis meling aku ngana kok.” Mas Dodo pancen wong sing tanggung jawab, Simi seneng duwe mas kaya Mas Dodo.

“Tapi mas,…”

“Wis wis, mengko telat lho, kana mlebu kelas.” Simi urung rampung ngomong wis disamber wae neng mas Dodo.

“Iya iya. Ngati-ati mas.”

“Siipp….”

--------------------

“Mas Dodo kok urung njemput aku ya?” Simi ngomong dhewek. Dumadakan kancane jenenge Sam marani Simi, “Mi, nunggu sapa e?”

“Nunggu masku njemput, Sam..”

“Wah ora biasane koe dijemput masmu, lha masmu kan kerja. Iki isih jam 10 lho, paling kowe ki dijemput jam 12, ya pas masmu ngaso. Ayo bareng aku wae.” Sam nawarake tebengan.

Simi bingung, arep melu Sam apa nunggu Mas Dodo nganti rong jam. “Hmm, ya wis, aku nebeng ya.”

“Iya, kene tak bantune.”

--------------------

Bali-bali wis ana ambu-ambu sambel trasi kesenengane Simi karo almarhum Bapak. “Assalamu’alaikum bu.. Wah, sedhep… ibu damel sambel trasi?

“Wa’alaikum salam nduk. Wis bali ta? Lha endi masmu?”

“Oww, wau kula nebeng Sam bu, Mas Dodo kan sagedipun njemput jam 12,” semaurku.

--------------------

“Assalamu’alaikum,” ana swara saka ngarepan.

“Wa’alaikumsalam,” ibu langsung semaur sing lagi maos Koran.

“Bu, leres daleme Mas Dodo?” takonne wong mau, kanthi grusa-grusu.

“Nggih mas, kados pundi?

“Ngaten bu, wau Mas Dodo kacilakan wonten ngajeng SMP Mekar Jaya, sakmenika wonten griya sakit. Nanging…”

“Nanging apa mas?” semaure ibu kwatir.

“Nanging, Mas Dodo sampun mboten wonten.”

"Boten wonten kepiya ta mas, sing jelas?" takone Simi.

"Anu....eeee, anu mba, sampun pejah wonten griya sakit mba."

Simi krungu kaya ngana langsung lemes, dhengkule kaku, pucet, atis. Ibu ora ngendika apa-apa, dumadakan “Bruuukk”

“Ibuuuuu….”

--------------------

Tidak ada komentar:

Posting Komentar