Seratan

Jumat, 22 November 2013

Desa Tenganan, Desa Bali Aga (FEATURE)



Pemerintah Kabupaten Karangasem, Kecamatan Manggis

Wisata wonten ing Bali menika kathah papan ingkang saged rumaosaken wujud ingkang unik. Ing Bali wonten desa ingkang taksih njagi adat kina, inggih menika desa Tenganan. Desa Tenganan menika papanipun wonten ing Kecamatan Manggis, Kabupaten Karangasem. Miturut Bli Wayan minangka tour guide, desa Tenganan menika kinten-kinten 70 km saking kutha Denpasar.
Kewan kebo menika kalebet kewan ingkang suci.
Miturut Bli Wayan ugi, desa Tenganan menika kalebet desa tradisional Bali Aga.  Kajawi desa Tenganan, ingkang kalebet Bali Aga inggih menika desa Trunyan lan Sembiran. Bali Aga menika pagesanganipun taksih tradisional warisan nenek moyangipun. Wujud lan agenging bangunan sarta palataran, panggenan bangunan, ngantos panggenan pura kangge ndherek tatanan adat ingkang turun-tumurun.
Unikipun, desa Tenganan menika beda sanget kaliyan papan-papan wisata sanesipun. Desa menika kalebet desa kina. Nalika mlebet desa Tenganan, griya-griya para warga ing mrika katingal kina. Lawangipun alit, namung saageng badanipun tiyang diwasa. Ing njawi griya menika, kathah kebo boten wonten ingkang ngingah. Miturut kapitadosan warga desa Tenganan, kewan kebo menika kalebet kewan ingkang suci. Kajawi kebo, wonten ugi pitik ingkang dipunwernani. Miturut warga ing desa Tenganan, pitik ingkang wonten ing kandhang menika limrahipun dipunadu ing wekdal-wekdal tartamtu. Saben warga menika wajib ngingah pitik.
Tradhisi lukis lontar.
Para warga desa Tenganan kathah ingkang ngasilaken lukisan ing lontar. Tradhisi menika boten punah ing desa Tenganan. Lukisan menika limrahipun cariyos bab pewayangan. Kajawi lukisan lontar, wonten ugi ingkang damel tenun lan barang seni sanesipun, inggih menika wonten wayang golek, lukisan tigan, topeng, patung, piranti-piranti saking rotan, lsp.
Miturut Bli Wayan, kathah budaya-budaya ingkang beda wonten ing desa adat menika. Antawisipun wonten tatanan upacara kasedan ingkang beda. Kados ingkang dipunmangertosi tiyang kathah, ing Bali menika wonten upacara ngaben.  Warga desa menika nggadhahi kapitadosan babagan cara tiyang menika wangsul ing asalipun.
Bab ingkang unik sanesipun, inggih menika hak antawisipun priya lan wanita. Saking jaman rumiyin, wanita Tenganan menika dipunanggep sami kaliyan priyanipun. Para wanita menika dipunkurmati lan dipunjagi sanget. Ing Tenganan ugi boten wonten mbedakaken kasta ingkang kados umat Hindhu sanesipun. Sedaya warga ing mriki nggadhahi hak lan drajat ingkang sami, kajawi wonten ingkang nglanggar hukum adat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar