Seratan

Jumat, 22 November 2013

Bibar Pusaka Indah Swalayan Kebakaran, Warga Trauma (NEWS FEATURE)



Jumat, 27 September 2013
   
Medalaken barang-barang ingkang wonten ing griyanipun supados slamet.

      KARANGANYAR, KEBUMEN -  Kalawingi dinten Kemis ndalu, 26 September 2013, antawisipun pukul 23.00 WIB, PI swalayan kebakaran. Wekdal sakmenika Pak Triyono (52)  lan kaluwarganipun saweg tilem wonten griyanipun. Griyanipun Pak Triyono menika wonten wingking tembok persis saking PI swalayan. Miturut warga sekitar kebakaran kasebat amargi wonten arus pendhek listrik. Arus pendhek kasebat asalipun saking kulkas buah (freezer) ingkang wonten ing swalayan ing Jalan Revolusi Karanganyar kasebat.

            Pak Triyono piyambak ngaku menawi nembe mangertosi kebakaran menika pukul 23.30 amargi warga sanes menika nggedhor-gedhor pintu griyanipun lan ngabari menawi wonten kebakaran ing ngajeng PI swalayan. Mangertosi kabar kasebat, Pak Triyono langsung nggigah garwanipun lan tigang putranipun. Saklajengipun, sedaya langsung mlayu ing papan kebakaran kasebat.
            Bapak tigang putra menika khawatir menawi griyanipun menika kenging geni. Pak Triyono panik sanget, lajeng medalaken barang-barang ingkang wonten ing griyanipun supados slamet kanthi dipunbantu warga sekitar. Pak Triyono sakulawarga trauma, awit kedadosan kasebat, amargi ngraos meh mawon kecalan nyawa ugi harta benda. Raos trauma ugi amargi kedadosan kebakaran PI swalayan kasebat.
Kebakaran ing PI Swalayan wanci ndalu.
            Wonten ugi warung ingkang sisih wetanipun PI swalayan ingkang kebakaran lan meh ngantos griyanipun Pak Triyono. Geninipun sampun dugi ing sedaya pertokoan, pemadam kebakaran ngutamakake supados boten mrambat ing sisih sanesipun. Sakmenika Pak Triyono sakulawarga lan barang-barangipun ngungsi wonten ing WC umum PI swalayan.
            Saklajengipun, wonten ugi Pak Hendrayani (45) minangka petugas keamanan PI swalayan nyariosaken menawi kebakaran kadadosan bibar para karyawan wangsul lan sedaya pintu sampun kekunci sedaya. Pak Hendrayani ingkang ugi dados warga Kelurahan Plarangan Karanganyar Kebumen menika mirengaken swara kados mercon lan ketingal wonten geni saking lebetipun swalayan. Lajeng, Pak Hendrayani mateni geni kanthi Alat Pemadaman Api Ringan (APAR).
            Untung mawon wonten karyawan My Chicken PI swalayan, inggih menika wonten Rakimin (48), Wiji Astuti (41), Yuni (35), Sugeng (43), lan Ragil (45). Sedayanipun mateni geni kanthi nyemprotaken APAR. Ananging usaha kasebat boten kasih, amargi geninipun cepet dados ageng lan nyebar ing PI swalayan.
            Sedaya panik, menapa malih kathah tiyang ingkang medal saking griyanipun kangge ningali kebakaranipun PI swalayan ing wanci ndalu kasebat. Wonten ugi warga ingkang mbiyantu sarta lapor dhateng pemadam kebakaran BPBD Kebumen lan Mapolsek Karanganyar.
            Rasa trauma ugi dipunraosaken dening Mbak Tresmi (32), salah sawijining karyawati Apotik Karanganyar ingkang lokasinipun ing sisih wetan PI swalayan. Sanajan apotik papan kerjanipun mbak Tresmi menika boten kenging geni, Jumat (27/9) sore, boten bikak. Sedaya bagian tembokipun menika panas, amargi kenging geni, saengga nyebabaken suhu ing lebet apotik menika dados panas. Obat-obat langsung dipunangkut medal saking apotik, supados boten ngirangi kualitasipun obat kasebat.
            Kebakaran ing PI swalayan menika ugi nyebabaken macet ing margi ngajengipun, Jalan Raya Karanganyar. Kathah tiyang ingkang ningali ing pinggir margi, menika ingkang nyebabaken macet. Saking Polres Kebumen lan Polsek Karanganyar mbiyantu kangge ngatur lalulintas kanthi sistem buka-tutup. Listrik ing papan menika ugi dipunpateni dening PLN. Geni tambah ageng, sanajan jawah.

Ketingal wonten Mobil ingkang Nabrak Warga

            Ing swasana macet kasebat, ketingal wonten mobil avansa werni cemeng saking kilen menika banter lajeng nrempet warga ingkang saweg nonton kebakaran ing pinggir margi PI swalayan. Mobil kasebat malah minggat. Warga duka, lajeng mburu mobil kasebat ngangge motor. Mobil avansa menika lajeng mlebet saluran irigasi, amargi panik lan ugi ing daerah PI swalayan listrik mati.
Wanci enjing ing PI Swalayan.
            Ing wanci enjing, sejatosipun geni ingkang sampun mati sempet murub malih ing pukul 07.00 WIB, ananging kanthi sigap tim pemadam kebakaran ingkang teksih wonten lokasi, geni kasebat saged dipunpateni. Perkawis kasebat teksih dados penyelidikan lan tim pemadam kebakaran teksih wonten PI swalayan ngatos pukul 12.00 WIB.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar