Seratan

Jumat, 29 November 2013

Ingkungan Syuran Banyumudal ing Kebumen (ARTIKEL BUDAYA)




Adicara dipunwiwiti kanthi kirab ingkung lan tumpeng ing Balai Desa utawi Kelurahan Panjer.


Taun Masehi menika ing saben taunipun ing tanggal 1 Januari, ananging Taun Hijriyah menika ing tanggal 1 Muharram lan Taun Jawa ing tanggal 1 Syura. Taun Jawa inggih menika sami kaliyan Taun Hijriyah. Bentenipun menika ing naminipun.
Umumipun, masyarakat ingkang badhe taun baruan menika kathah ingkang ngawontenaken kagiyatan-kagiyatan kangge nyambut. Kagiyatan kasebat biasanipun menika boten uwal saking upaya kangge introspeksi lan arupi pepenginan-pepenginan. Sami ugi kaliyan Taun Baru Jawa, tamtu masyarakat Jawa nggadhahi pepinginan ingkang langkung sae.
Wonten ing ritual masyarakat Jawa ingkang nyambut 1 Syura menika salah satunggaling tradisi ingkang dipunwontenaken warga Kuwarisan, Pajer, Kecamatan Kebumen, Kabupaten Kebumen. Tepatipun wonten ing Mesjid Banyumudal ing dinten Jum’at Kliwon 7 Desember 2012. Tradisi menika mesthi ing saben taunipun kangge mengeti Tokoh Ulama ageng Jawa, inggih menika Syech Ibrohim Asmoro Kondi ingkang medalaken para tokoh ulama ageng ing Jawa. Boten namung menika, adicara kasebat ugi minangka ajang kangge mengeti wulan Syura.
Kirang langkung 6000 ingkung lan tumpeng ingkang dipundamel warga ing adicara kasebat. Saben kulawarga utawi keturunan asli saking dusun Kuwarisan, ingkang wonten ing Kebumen ugi ing njawi daerah menika damel tumpeng lan ugi ingkung. Kathah ugi ingkang wonten ing njawi daerah menika mudik ing kampungipun kangge ndherek mengeti tradisi ingkang dipunsakralaken kasebat. Menawi boten sempet mudik, kedah nitipaken arta kangge kulawarganipun ing kampung kangge damel.
Tumpeng lan ingkung ayam dipunkirab saking Balai Desa utawi Kelurahan Panjer kaliyan dipuntandhu kangge bekta dhateng mesjid Banyumudal. Kirab menika dipuniringi kesenian tradhisional. Para warga nggendhong ingkung lan tumpengipun, wonten ugi ingkang ngangge becak. Para tamu ingkang wonten ing undhangan inggih menika wonten Bupati Muspika, para tokoh ulama agami, lan masyarakat. Kirab dipunpimpin pejabat lajeng ing winggking wonten warga ingkang nggendhong ingkung lan tumpengipun.

Dra.Rustriningsih, M.Si narima Piagam MURI.
Dra. Rustriningsih, M.Si, ugi rawuh ing adicara taunan warga Kuwarisan kasebat. Piyambakipun minangka ingkang nrima Piagam MURI ingkang sakmenika teksih dados Bupati Kebumen ing taun 2010.
Kagiyatan inti inggih menika maos Tahlil ingkang dipunimami kaliyan Tokoh Agami Senior. Saklajengipun serah trima ingkung saking Lurah minangka Pemimpin Desa dhumateng Bupati, lajeng dipunpotong tumpengipun kangge dipunserahaken kaliyan masyarakat lan dipundhahar sareng-sareng ing pelataran Mesjid Banyumudal ingkang sampun dipunsiapaken.
Warga menika percaya kaliyan tradisi menika minangka tolak bala. Paedah sanes inggih menika minangka saran silaturahmi utawi ugi saged dipunsebat ‘ngumpulaken balung pisah’. Saged ugi maringi kaliyan lare yatim piatu sarta fakir miskin minangka nggabungaken tiyang, pengusaha lan rakyat, ugi saged ningkataken gizi kulawarga. Minangka tiyang Jawa menika prelu nglestantunaken trradisi kasebat.

Para warga ingkang dhahar ingkung lan tumpeng sesarengan 
ing pelataran Mesjid Banyumudal.
Miturut tokoh agami ing mriku, tradisi menika minangka wujud solidaritas kaliyan sikep lan perilaku leluhur bangsa ingkang tepa selira, nggadhahi semangat juang inggil lan ingkang nggadhahi sikep bebarengan. Budaya bangsa ingkang adiluhur kedah dipunlestantunaken kangge mbentangi generasi nem saking pengaruhipun budaya Barat ingkang negative. Lajeng boten gampin dipunprovokasi kaliyan pihak-pihak ingkang nggadhahi pepenginan ngancuraken bangsa Indonesia.
Penggiat sejarah Panjer R. Ravie Ananda ngungkapaken. Panjer inggih menika cikal bakal ingkang ngedegaken Kabupaten Kebumen ingkang sampun dipuntepang saking 1000 taun kepengker. “Kadipati Panjer wonten saking jaman Kediri. Panjer saking wekdal ing wekdal mesthi nggadhahi peranan ingkang wigati. Para raja lan tokoh-tokoh ageng Jawa sakmenika nggadhahi Panjer minangka papan kangge ngungsi ugi moksa.” Calathu Ravie. Moksa sami kaliyan kebebasan.  Panjer ugi minangka papan ingkang wigati sanget ing mangsa perang kamardikan.

Riwayat Singkat Syech Ibrohim Asmoro Kondi

Mesjid Banyumudal inggih menika Mesjid ingkang dipundirikaken kaliyan sawijining tiyang Aulia ingkang asmanipun Syech Ibrohim Asmoro Kondi ingkang gesang ing jaman Raja Cempa ing abad 15 Masehi lan ngajak Raja Cempa ing jaman sakmenika kangge mlebet agami Islam.
Syech Ibrohim Asmoro Kondi menika ulama ageng ingkang asalipun saking Asia Timur . Piyambakipun ugi tiyang ingkang nyiaraken (syiar) Islam ingkang sapisan ing Jawa ingkang para walidi Jawa. Ing Jawa (Demak)  ing syiaripun Syech Ibrohim Asmoro Kondi boten sampun kagungan ilmu pengetahuan bab Islam ugi sampun kagungan piranti transportasi arupi kewan inggih menika jaran lan ugi macan, kewan ingkang dipunremenaken. Minangka bukti menawi piyambakipun menika sampun ngawontenaken syiar, saged dipunbuktikaken wontenipun piranti-piranti purbakala ingkang dumugi sakmenten menika teksih dipunlestantunaken. 
Peninggalan Syech Ibrohim Asmoro Kondi
Peninggalan Syech Ibrohim Asmoro Kondi, antawisipun inggih menika: 1) rantai saking logam wernanipun kuning – kuningan kalih pasang; 2) beruk saking tempurung setunggal; 3) arta cina ingkang seratanipun cina kuno 50 keping saking kuningan; 4) barang pecah belah kados mangkuk ukuranipun alit setunggal; 5) kuku macan ukuranipun kirang langkung 10 cm setunggal; 6) potongan batok kelapa bolonganipun kalih lan talinipun saking lambing macan; 7) bungkus putih katutup lan kaserat aksara jawa; 8) keris 17 lan salah satunggaling wonten ingkang dipunlapisi; 9) tombak jumlahipun gangsal; 10) pedang panjang kalih; lan 11) kudi cenggareng setunggal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar