Seratan

Semar

Semar ing basa Jawa dipunsebut Badranoyo
Bedrodo = Mbangun sarana saking ngandhap
Noyo = Nayoko = Utusan mangrasul

Semar
Tegesipun: Ngemban sipat mbangun lan nindakaken parentahipun Gusti kangge pagesangan manungsa.
Semar,
Javanologi : Semar = Haseming samar-samar ( makna pagesangan Sang Panuntun). semar sanes pria llan sanes wanita, asta tengenipun menika ing ngajeng lan asta kiwanipun ing wingking. Tegesipun asta tengen: "Minangka pribadi semar menika Sang Maha Tunggal". Asta kiwa tegesipun: "berserah simbol ilmu ingkang netral nanging simpatik".

Ing cariyos wayang biasanipun Semar dados lurah karangdempel (karang: gersang; dempel: keteguhan jiwa). Rekmanipun Semar "kuncung" (jarwodoso/ paribasan jawa kuno), tegesipun "akuning sang kuncung = minangka kapribadenipun abdi".

Semar minangka abdi ingkang tanpa pamrih kangge nindakaken amal ibadah ingkang trep dening sabda Ilahi. Semar menika madhep nginggil, tegesipun: "kangge maringi tuladha (teladan) supados eling marang Sang Khaliq". Busananipun Semar inggih menika Parangkusumaraja, tegesipun wujud Dewanggawantah (kangge nuntun manungsa) supados mamayuhayuning bawana (adil lan leres).

Punakawan
Kabudayan Jawi sampun nglairaken bab religi ingkang wujudipun kapitadosan dening Gusti ingkang wontenipun wujud tokoh wayang Semar, tebih saking sakderengipun mlebet kabudayan Hindhu, Budha, saha Islam ing Jawi. Wayang Semar menika boten namung dados cariyos, nanging ugi dados simbol bab keEsa-an.
Tegesipun "ora kebanda ing kadonyan, ora samar marang bisane sirna durka murkamu" inggih menika menawi nindakaken kabecikan menika kanthi tenanan menika bakal saged ngarahaken nepsu dados satunggaling kekiyatan pinuju kasampurnaning gesang.



saking: SEMAR

Tidak ada komentar:

Posting Komentar