Seratan

Kamis, 05 Desember 2013

Sangaluri Park, Pubalingga (FEATURE WISATA)




Pintu Masuk Sanggaluri Park
Menawi ing Yogyakarta wonten Taman Pintar, ing Purbalingga menika wonten Sanggaluri Park. Sanggaluri Park inggih menika salah satunggaling objek wisata ingkang woten ing Jl. Raya Kutasari, Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah, caket kaliyan Owabong (Objek Wisata Air Bojongsari).

Sanggaluri Park inggih menika Sanggar Luru Ilmu ingkang nggadhahi teges papan kangge madosi ilmu, amargi ing papan menika pancen kangge nyaosi
ilmu pengetahuan ingkang kathah.
Peta
Ing Sanggaluri Park menika wonten kathah wahana. Mlebetipun namung ngginakaken tiket ingkang reginipun Rp. 10.000 ing dinten biasa. Kula saha panjenengan sami saged pikantuk kathah ilmu pengetahuan. Wahana ing Sanggaluri Park inggih menika antawisipun wonten Reptile and Insect Park, Museum Uang, Museum Wayang dan Artefak, Wahana Iptek, Rumah Prestasi, Rumah Boneka Lintang dan Taman Aneka Buah, ugi wonten taman bermain. Ing Sanggaluri menika ugi kathah lokasi ingkang saweg dipunbangung wahana enggal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar