Seratan

Kamis, 05 Desember 2013

Saking Tembung Mandhapa, Dados Pendhapa Minangka Sikep Sosial Tiyang Jawi (ARTIKEL BUDAYA)



Pendhapa
Pendapa Omah Loring Pasar

Para pamireng temtu sampun sami pirsa, pendhapa menika menapa. Pendhapa inggih menika wewangunan ingkang limrah dipunbangun ing sangajengipun dalem utami. Menawi mirsani saking situs Wikipedia, tembung pendhapa inggih menika saking tembung basa Sansekerta mandhapa. Ingkang nggadhahi teges minangka wewangunan tambahan. Amargi pendhapa limrahipun menika dipunbangun ing sangajengipun wewangunan utami utawi dalem. Wewangunan modhel pendhapa menika boten namung wonten ing wewangunan Jawi, nanging ugi wonten ing wewangunan adat Kalimantan, Sumatera, Bali ugi wonten ing Semenanjung Malaya utawi Indhochina.
Ananging pakar arsitektur saking UGM Yogyakarta, Dr. Ir. Arya Ronald ngendikakake menawi pendhapa menika asalipun saking tembung ndhapi inggih menika minangka papan patemonan mungguhing masyarakat. Kalebet papan sesrawungan kaliyan para warga ingkang dereng dipuntepang. Dados ing pendhapa menika ingkang kagungan dalem saged manggihi tamu ingkang langkung umum. Kalebet tamu ingkang enggal ketingal, utawi nembe dipunpanggihi ing wekdal menika.
Miturut Pak Arya Ronald menika, paedah pendhapa saged kangge maneka kapreluan. Ing pendhapa saged dados papan kangge kapreluan pasugatan tari utawi kesenian sanesipun. Kangge papan lare-lare dolanan. Minangka papan kangge adicara rembug kampung saha sanesipun.
Dados kangge kapreluan masyarakat Jawi, pendhapa menika dipunbangun minangka misi sosial ingkang kagungan dalem. Amargi paedahipun kangge bebrayan ageng, wewangunan pendhapa limrahipun pisah kaliyan wewangunan dalem. Masyarakat ing sakiwa tengenipun saged kanthi bebas lenggahan wonten ing pendhapa tanpa nyuwun palilah ingkang kagungan dalem.
Inggih amargi sipat pendhapa menika minangka wewangunan ingkang dipunbangung kangge bebrayan umum. Wewangunan pendhapa menika boten wonten singgetanipun. Singgetan menika saking kayu utawi tembok. Amargi sipat pendhapa menika tinarbuka. Sinten mawon saged lenggahan utawi ngawontenaken kagiyatan ing pendhapa. Amargi menika wewangunanipun pancen sengaja dipunbangun sacara tinarbuka. Boten wonten aling-aling ingkang saged nuwuhake warga masyarakat boten saged bebas manpaatake pendhapa.
Samenika sampun kathah wewangunan pendhapa ingkang sampun dipunsingget-singget. Dipunmanpaatake kangge pondhokan utawi omah. Menika naminipun sampun sanes pendhapa malih. Sebab fungsinipun sampun beda kaliyan pendhapa rumiyin. Wujud wewangunanipun teksih kados pendhapa, nanging sampun boten nggadhahi fungsi minangka pendhapa, kados filosofi  saking tiyang-tiyang sepuh rumiyin.
Jabatan
Wewangunan pendhapa limrahipun dipungadhahi para pengageng. Wiwit saking raja, pepatih dalem, bupati, saha sanes-sanesipun. Saking lakunipun jaman, para saudagar sugih ugi mbangun pendhapa minangka simbol status. Nanging limrahipun wewangunan pendhapa menika kagunganipun para priyayi utawi pengagen dalem.
Pendhapa boten namung ngrenggani dalem pengageng. Ananging ugi kantor. Kadosta wiwit kantor kelurahan, kecamata, ugi gubernur ing kukuban Pulau Jawi limrahipun wonten pendhapa. Ugi wonten instansi-instansi pamarentah.
Pendhapa Tedjakusuma
Pendhapa ugi kapupu wonten ing wewangunan papan ibadah, mliginipun mesjid. Ing papan pangibadahan kangge umat Islam menika wewangunan modhel pendhapa dipunsebut kanthi nama serambi. Limrahipun ing wewangunan emperan menika dipunmanfaatake kangge kagiyatan kados pengaosan. Wewangunan inti mesjid dados papan kangge pangibadahan, shalat, saha sanes-sanesipun.
Samana ugi, pendhapa ing UNY, menika wonten pendhapa Tedja Kusuma ingkang dados punjering kagiyatan para mahasiswa. Wonten ingkang namung nongkrong, ugi wonten ingkang nggarap tugas, saha kagiyatan seni.

Kapethik saking kalawarti Djaka Lodang, Setu Wage, 29 Juni 2013.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar