![]() |
Margi Jemur Clowok |
Ing
sawijining dinten, wekdal kula remen-remenipun numpak sepedha. Ing wekdal
menika, kula nembe pisanan numpak sepedha tebih. Saderengipun paling namung ing
komplek griyanipun kula.
Kula, adhik
kula saha bapak kula mlampah-mlampah numpak sepedha ing Jemur Clowok. Wekdal menika
kula prei semesteran SD kelas 3, ugi dinten Minggu. Raosipun remen sanget, pemandangan-ipun teksih asri. Ing Jemur
Clowok menika marginipun minggah-mandhap, ugi marginipun boten alus.
Saking griya
kula saha bapak kula medal wanci setengah 6 enjing, hawanipun taksih seger. Kula
nyesepedha piyambak, menawi adhik kula dipunbonjeng kaliyan bapak, amargi adhik
kula dereng saged numpak sepedha piyambak.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar