Kula |
Piyambakipun sayang sanget kaliyan kulawarga, bapak ingkang tanggel jawab. Menawi ibu kula menika wonten griya kemawon. Senajan ibu kula wonten ing griya kemawon, nanging wonten kagiatan inggih menika dagang. Wonten griya kula ugi wonten warung sembakau. Piyambakipun menika ugi
ibu ingkang sayang sanget kaliyan kulawarga. Ibu kula menika tiyang ingkang sabar sanget. Pramila, ibu kula menika segalanya.
ibu, adhik, saha bapak kula (2008) |
Ananging kuliah samenika
kula kuliah ing Yogyakarta, inggih menika ing Universitas Negeri Yogyakarta
(UNY), jurusanipun Pendidikan Bahasa Daerah, FBS. Kula mlebet kuliah taun 2011,
mawi tes. Rumiyin, wekdal kula SMA kelas 3, sejatosipun nggadhahi
pepenginan dados guru Matematika utawi guru SD. Dados guru menika, pepenginan
kula piyambak. Wekdal kula sekolah ing SD, kula sampun penging dados guru,
nanging guru SD.
Kula samenika ngekos ing
Demangan Baru. Rumiyin awit kula semester 1, kula ngekos ing Jalan Kaliurang,
ing dalemipun kanca bapak kula. Wiwit semester 2, kula sampun ngekos ing
Demangan Baru ngantos samenika.
Kula nggadhahi motto
hidup “Bismillah, Saged!!”. Miturut kula ndonga menika minangka panggayut
dhumateng Gusti Allah. Motto menika nggadhahi teges, supados tetep optimis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar