Ibu Sodiyah
miyos ing Kebumen, 11 Maret 1951 menika kagungan jiwa wirausaha saking alit. Piyambakipun langkung kondhang kanthi
sebutan Ibu Sod. Piyambakipun rumiyin dados juragan bathik, saking taun 70-an. Ibu
Sod dagang bathik ing peken. Wonten dalemipun, piyambakipun menika kagungan pekerja kathah. Ananging, samenika
piyambakipun damel bathik piyambak dipunbantu dening putrinipun ingkang kaping
sekawan. Ibu Sod kagungan putra gangsal, inggih Mas Degeng, Mbak Pingah, Mbak
Asroh, Mbak Nur, saha Mas Munir. Sedayanipun sampun nggadhahi kulawarga
piyambak. Ingkang mbiyantu Ibu Sod mbathik ing
Menawi ing
Yogyakarta wonten Taman Pintar, ing Purbalingga menika wonten Sanggaluri Park. Sanggaluri
Park inggih menika salah satunggaling objek
wisata ingkang woten ing Jl. Raya Kutasari, Kabupaten Purbalingga, Jawa
Tengah, caket kaliyan Owabong (Objek Wisata Air Bojongsari).
Ing
sawijining dinten, wekdal kula remen-remenipun numpak sepedha. Ing wekdal
menika, kula nembe pisanan numpak sepedha tebih. Saderengipun paling namung ing
komplek griyanipun kula.
Blangkon menika
salah satunggaling busana khas Jawi ingkang limrahipun dipunginakake minangka
panutup mustaka kagem para kakung, saking para tiyang kerajaan, bangsawan,
dumugi para andhap ing jaman kerajaan Jawi dumugi ing jaman kolonial Walandi.
Ing jaman sakmenika, blangkon dados lambang kagem para kakung ing Jawi.
Sajatosipun, blangkon menika wonten filosofinipun saking tiyang Jawi,
mliginipun Jawi-Islam. Ananging, samenika sampun boten mekaten.
Para pamireng
temtu sampun sami pirsa, pendhapa menika menapa. Pendhapa inggih menika
wewangunan ingkang limrah dipunbangun ing sangajengipun dalem utami. Menawi
mirsani saking situs Wikipedia, tembung pendhapa inggih menika saking tembung
basa Sansekerta mandhapa. Ingkang nggadhahi teges minangka wewangunan tambahan.
Amargi pendhapa limrahipun menika dipunbangun ing sangajengipun wewangunan utami
utawi dalem. Wewangunan modhel pendhapa menika boten namung wonten ing
wewangunan Jawi, nanging ugi wonten ing wewangunan adat Kalimantan, Sumatera,
Bali ugi wonten ing Semenanjung Malaya utawi Indhochina.